Postingan

Menampilkan postingan dari Maret, 2018

Panggih Manten

Sesaji dipunsamaptakaken. Manten putri mijil saking tepas wangi tumuju ing sasana pinajang. Saking sasana palereman, manten kakung lumaksana dhateng sasana pawiwahan diiringi gendhing kebogiro lan dipun ombyong dening sadherekipun. Manten putri mapag manten kakung dipundherekaken dening putri dhomas i ngkang bekta kembang mayang. Balangan suruh. Patemu asta lan dipundongani dening sesepuh. Muteri sesaji arupi tigan, toya/ tirta wening, lan sekar. Liniru kembang mayang, kagunganipun manten putri dipun larung ing bengawan, kagunganipun manten kakung dipun pajang ing sasana pinajang. Wiji dadi, manten kakung mecah tigan, manten putri mijiki ampeyanipun ingkang raka. Para daksina, manten kakung njunjung manten putri supados jumeneng, lajeng manten putri ngiteri manten kakung. Tiyang sepuh maringi dhaharan dhateng manten kekalih. Ngunjuk toya argya, toya suci ingkang sampun dipundongani. Sindur binayang, manten kekalih dipunslendhangi sindur mayang dening kang rama. Manten ke