Panggih Manten

Sesaji dipunsamaptakaken.
Manten putri mijil saking tepas wangi tumuju ing sasana pinajang.
Saking sasana palereman, manten kakung lumaksana dhateng sasana pawiwahan diiringi gendhing kebogiro lan dipun ombyong dening sadherekipun.
Manten putri mapag manten kakung dipundherekaken dening putri dhomas ingkang bekta kembang mayang.
Balangan suruh.
Patemu asta lan dipundongani dening sesepuh.
Muteri sesaji arupi tigan, toya/ tirta wening, lan sekar.
Liniru kembang mayang, kagunganipun manten putri dipun larung ing bengawan, kagunganipun manten kakung dipun pajang ing sasana pinajang.
Wiji dadi, manten kakung mecah tigan, manten putri mijiki ampeyanipun ingkang raka.
Para daksina, manten kakung njunjung manten putri supados jumeneng, lajeng manten putri ngiteri manten kakung.
Tiyang sepuh maringi dhaharan dhateng manten kekalih.
Ngunjuk toya argya, toya suci ingkang sampun dipundongani.
Sindur binayang, manten kekalih dipunslendhangi sindur mayang dening kang rama.
Manten kekalih tumuju dhateng sasana pinajang.
Bobot timbang, timbang pangkon dening kang rama.
Tanem jero, lungguh mantep ing kursi pinajang.
Kacar-kucur, manten kakung maringi wos, dhele, jagung/ kacang-kacangan dhateng manten putri kanthi pangajab manten kakung kedah tanggel jawab, manten putri saged gemi, ingkang sepalih dipuntitipaken dhateng tiyang sepuh supados dipunsimpen.
Dhahar walimah, kembul bujana/ dhahar dulangan, kakung putri kedah adil, lara lapa sesarengan.
Ngunjuk toya kanthi pangajab manten kekalih kedah sami asrep ing penggalih.
Kang besan sami rawuh ing sangajenging gapura, ingkang hamengku gati mapag lajeng nyumanggakaken dhateng sasana pawiwahan.
Nglolos duwung, dipuntindakaken dening manten putri.
Sungkem dhateng tiyang sepuhipun, sasampunipun paripurna manten kekalih lenggah ing sasana rinengga.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Aksara Jawa lengkap

MATERI BAB 47-50 MINNA NIHON GO 2